Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Gunung Tidar Salah sawijining dina, para dewa ing kahyangan arep padha nganakake rembugan

Gunung Tidar

Salah sawijining dina, para dewa ing kahyangan arep padha nganakake rembugan babagan uripe manungsa ing alam donya iki. Gegayutan karo prekara mau, para dewa kongkon rewange kanggo marani Semar supaya teka menyang kahyangan saperlu melu rembugan. Ananging amarga sewengi ombake gedhe banget, utusan mau ora bisa nemokake Pulo Jawa. Utusan mau bali maneh ing kahyangan banjur matur menawa Pulo Jawa ilang, digoleki ing sakiwatengene meksa ora ana.

Krungu kabar kaya mau para dewa dadi bingung, ana ngendi sejatine Pulo Jawa kuwi keli. Bareng ditonton nganggo kaca benggala, jebule Pulo Jawa mau temangsang. ing panggonan kang wujude memper endhas manuk. Nganggo kekuwatan gaibe para dewa, Pulo Jawa ditarik lan dibalekake ing panggonane maneh. Bareng Pulo Jawa wis bali ing panggonane, Semar didhawuhi sowan ing kahyangan.

….

1. Gunung Tidar ana ing Kutha ….

   A. Magelang

   B. Yogyakarta

   C. Surakarta

   D. Purwokerto

   E. Wonosobo

Wangsulan:

Gunung Tidar ana ing Kutha Magelang

Jawaban: A


2. Paraga kang manggon ing Pulo Jawa miturut crita kasebut yaiku ….

   A. para dewa

   B. Semar

   C. Pandhawa

   D. Arjuna

   E. Bagong

Wangsulan:

Paraga kang manggon ing Pulo Jawa miturut crita kasebut yaiku Semar.

Jawaban: B


3. Pakune Pulo Jawa iku awujud ….

   A. her

   B. samudra

   C. ardi

   D. bayu

   E. kartika

Wangsulan:

Pakune Pulo Jawa iku awujud ardi.

Jawaban: C


4. Alur kang digunakake ing crita kasebut yaiku ….

   A. Campuran

   B. Maju mundur

   C. Mundur

   D. Maju

   E. Kabeh wangsulan bener

Wangsulan:

Alur kang digunakake ing crita kasebut yaiku maju

Jawaban: D

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Gunung Tidar Salah sawijining dina, para dewa ing kahyangan arep padha nganakake rembugan"