Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Dumadine Kutha Pacitan Pangeran Mangkubumi sapendherek mangetan lakune sangsaya adoh ninggalake Kraton

Dumadine Kutha Pacitan

Pangeran Mangkubumi sapendherek mangetan lakune sangsaya adoh ninggalake Kraton Mataram. Nalika tekan Gumuk Puger kabeh padha ngaso. Wektu semana, pendhereke Pangeran Mangkubumi mung kari rolas. Salah sijine ana kang asma Setraketipa, kang pakaryane ngrumat jaran titihane Pangeran Mangkubumi.

Setraketipa nyawang Pangeran Mangkubumi lan para pandherek katon sayah lan keluwen. Dheweke mikir kepiye carane bisa golek pagan lan ngombe kanggo Pangeran Mangkubumi lan para pandherek. Dheweke banjur matur, "Nyuwun pangapunten Pangeran, kepareng kula pados menapa ingkang saged Pangeran dhahar saha unjuk sokur saged kangge rencang-rencang". Pangeran Mangkubumi wangsulan, "Apa kowe ora kesel Setra? Yen pancen kuwi karepmu daklilani muga-muga enggal oleh gawe".

1. Apa pakaryane Setraketipa iku?

Wangsulan:

Ngrumat jaran titihane Pangeran Mangkubumi.


2. Kena apa Setraketipa ora duwe rasa kesel sarta katon sehat walafiat lan panggah gagah prakosa?

Wangsulan:

Amarga saben dinane mangan woh pace.


3. Apa sing diaturake Setraketipa marang Pangeran Mangkubumi kanggo dhahar? 

Wangsulan:

Tela lan banyu

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "Dumadine Kutha Pacitan Pangeran Mangkubumi sapendherek mangetan lakune sangsaya adoh ninggalake Kraton"