Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

"Trima lila ambeg sadu" Tembung kang kacithak kandel ateges

Pamoting ujar iku,

Kudu santosa ing budi teguh,

Sarta sabar tawekal legaweng ati,

Trima lila ambeg sadu,

Weruh wekasing dumados.

Sabarang tindak-tanduk,

Tumindake lan sakadaripun,

Den ngaksama kasisipaning sesami,

Sumimpangan ing laku dur,

Hardaning budi kang ngrodon.

1. "Trima lila ambeg sadu"

Tembung kang kacithak kandel ateges ….

   A. iklas

   B. nampa

   C. njaluk

   D. nrima

   E. akeh

Wangsulan:

Tembung kang kacithak kandel (lila) ateges iklas

Jawaban: A


2. Saka tembang kasebut bisa dimangreteni menawa wong kang nindakake pituture wong tuwa kudu tansah ….

   A. dawa ususe

   B. eling marang panguwasa alam

   C. sabar, tawakal, lan iklas jroning ati

   D. aweh pakurmatan marang wong tuwa

   E. mangreteni marang sangkan paraning dumadi

Wangsulan:

Saka tembang kasebut bisa dimangreteni menawa wong kang nindakake pituture wong tuwa kudu tansah sabar, tawakal, lan iklas jroning ati.

Jawaban: C


3. "Den ngaksama kasisipaning sesami"

Gancarane gatra kasebut yaiku ….

   A. kabeh tindak-tanduk

   B. kudu dilakoni kanthi tawakal lan iklas

   C. kukuh lan sabar

   D. dilakoni kanthi urip kang prasaja

   E. kudu bisa menehi pangapura marang wong liya

Wangsulan:

Gancarane gatra kasebut yaiku kudu bisa menehi pangapura marang wong liya.

Jawaban: E

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk ""Trima lila ambeg sadu" Tembung kang kacithak kandel ateges"