Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

A : "Sarung anyar, ya?" B : "Sampeyan guyon, iki wis suwe. Kira-kira wis rong taun."

Wacanen iklan radhio ing ngisor iki! Banjur wangsulana pitakonan ing ngisore!

A : "Sarung anyar, ya?"

B : "Sampeyan guyon, iki wis suwe. Kira-kira wis rong taun."

A : "Mosok? Aku ra precaya. Kok isih kempling?"

B : "Iya. Iki CapMacan. Bahane kuwat tur alus.Awet anyar maneh."

A : "Wah, aku yapengin duwe."

B : "Ja lali, nek tuku sarung sing …"

A + B : "Cap Macan."

Narator : "Aja salah pilih. Sarung sing kualitase sae, pas, lan awet, ya sarung Cap Macan. Akeh macem lan motife. Sarung Cap Macan bisa dituku ing toko-toko klambi, grosir, Pasar Banjar Sari, uga ing agen sarung Cap Macan. Sarung Cap Macan awet lan nyaman dienggo. Sarung Cap Macan prodhuk PT LUKITEX Surakarta."

1. Prodhuk apa kang diiklanake ing iklan kasebut?

Wangsulan:

Sarung Cap Macan


2. Kalebu jinis apa iklan radhio kasebut?

Wangsulan:

Iklan radhio komersial


3. Ana pira pamicara ing iklan kasebut?

Wangsulan:

Ana telu


4. Apa ancase iklan kasebut?

Wangsulan:

Supaya padha tuku sarung Cap Macan.

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk "A : "Sarung anyar, ya?" B : "Sampeyan guyon, iki wis suwe. Kira-kira wis rong taun.""