Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

"Cung, cah cilik aja mangan brutu mbesuk mundhak lalen! Bocah cilik iku aja mangan rempela ati, ora

"Cung, cah cilik aja mangan brutu mbesuk mundhak lalen! Bocah cilik iku aja mangan rempela ati, ora ilok! Bocah cilik iku becike mangan endhas supaya mbesuk bisa dadi lurah. Yen ora endhas ya bagean cakar, mbesuk kareben bisa ceker-ceker, pinter nggolek rejeki."

Kepiye tanggapan kang trep kanggo wewaler ing dhuwur?

Wangsulan:

Precaya marang wewaler kasebut amarga mangan brutu lan rempela ati iku kanggone bocah cilik ora apik, akeh kandhutan lemak lan kolesterole dhuwur bakal ndadekake kelemon awake utawa obesitas. Yen wis obesitas bakal gampang kena lelara, kaya ta dharah tinggi, strok, lan lelara liyane.

Beda karo endhas lan cakar kang pancen apik kanggo bocah cilik amarga akeh kandhutan proteine. Protein iku apik banget kanggo perkembangan otak supaya bocah dadi pinter. Lha, yen pinter bakal bisa dadi lurah lan pinter golek rejeki.

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Posting Komentar untuk ""Cung, cah cilik aja mangan brutu mbesuk mundhak lalen! Bocah cilik iku aja mangan rempela ati, ora"